Lakon Menungso
* Nurul Sakinah Bayti, S.Hut.
Lakon menungso nang dunyo rupo-rupo.
Ono sing koyo janoko ugo dursasono.
Tindak tanduke ugo warni rupo.
Sing bener sering disio-sio.
Sing salah malah dibelo amargo konco.
Lakon dunyo ono sing kuoso.
Aji mumpung kadang digdoyo.
Kanggo njegal wong sing ga ditrisno.
Ora pandang mudo lan tuwo.
Ora pandang alhi ilmu lan ahli agomo.
Kabeh kenek tendang amargo bedo.
Lakon dunyo ngeri lan kudu waspodo.
Sing wis ngati-ngati sering dianggep mbalelo.
Opo maneh tumprap penguoso.
Ga enek benere terus-terusan dianggep olo.
Padahal cetho welo-welo.
Wis lah, becik ketitik olo ketoro.
Lakon dunyo mung sakwetoro.
Mongko elingo poro menungso.
Nak wayahe numpak bendhoso.
Rodane rupo menungso.
Ora ono sing gelem nderekno.
Bondo, kuoso, lan keluarga kabeh ditinggalno.
Mulo ndang tobato.
Ojo nganti kedisikan malaikat sing njabut nyowo.
Elingo marang Pengeran Sing Kuoso.
Njaluk ngapuro sekabehe duso.
Duso sing disengojo lan gak disengojo.
Mugo-mugo Gusti Alloh paring dalan padang lan jembar segoro.
Mugo-mugo Gusti Alloh ijabah kabeh dungo iro.
Randublatung, 24 Juni 2018
* Nurul Sakinah Bayti, S.Hut.
Lakon menungso nang dunyo rupo-rupo.
Ono sing koyo janoko ugo dursasono.
Tindak tanduke ugo warni rupo.
Sing bener sering disio-sio.
Sing salah malah dibelo amargo konco.
Lakon dunyo ono sing kuoso.
Aji mumpung kadang digdoyo.
Kanggo njegal wong sing ga ditrisno.
Ora pandang mudo lan tuwo.
Ora pandang alhi ilmu lan ahli agomo.
Kabeh kenek tendang amargo bedo.
Lakon dunyo ngeri lan kudu waspodo.
Sing wis ngati-ngati sering dianggep mbalelo.
Opo maneh tumprap penguoso.
Ga enek benere terus-terusan dianggep olo.
Padahal cetho welo-welo.
Wis lah, becik ketitik olo ketoro.
Lakon dunyo mung sakwetoro.
Mongko elingo poro menungso.
Nak wayahe numpak bendhoso.
Rodane rupo menungso.
Ora ono sing gelem nderekno.
Bondo, kuoso, lan keluarga kabeh ditinggalno.
Mulo ndang tobato.
Ojo nganti kedisikan malaikat sing njabut nyowo.
Elingo marang Pengeran Sing Kuoso.
Njaluk ngapuro sekabehe duso.
Duso sing disengojo lan gak disengojo.
Mugo-mugo Gusti Alloh paring dalan padang lan jembar segoro.
Mugo-mugo Gusti Alloh ijabah kabeh dungo iro.
Randublatung, 24 Juni 2018